Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Ambal Warsa Pamulangan Dhalang Habirandha

Pengetan Ambal Warsa Pamulangan Dhalang Habirandha

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pamulangan Dhalang Habirandha ingkang dumunung ing Jalan Rotowijayan , sakilen Pagelaran Kraton Ngayogkarta,samangke mengeti ambal warsanipun ingkang kaping 91 taun.  Pamulangan dhalang punika madeg taun 1925 , awit gagasanipun Kanjeng Raden Tumenggung Djadipura lan dipun sengkuyung dening  Sri Sultan Hamengkubuwono VIII.   Sakawit  Pamulangan Dhalang  Habirandha punika namanipun Pawiyatan Pedhalangan Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat Habirandha. Ancasipun bikak  pamulangan dhalang kangge memetri  seni pertunjukan mliginipun ringgit amrih lestari. Kangge pamulangan rambahan kapisan,  para siswa dipun gladhi mayang inggih punika nyolahaken ringgit, saya dangu samangke siswa ugi dipun  sukani seserapan sanes antawisipun teknik dasar pedalangan  kadosta  cepengan , sabetan, janturan,  carita pocapan , suluk sekar , dhodogan, keprakan, gendhing sarta pakeliran. Kepala Pamulangan Dhalang Habirandha KRT Proboprayitno, ngajab generasi muda greget memetri  seni pedalangan supados boten kasisih majenging jaman lan  teknologi.

Kathah dalang kaloka sarta praktisi budaya, ingkang ngangsu kawruh babagan seni pedalangan dhateng Pamulangan Dhalang Habirandha antawisipun Ki Timbul Hadiprayitno lan Ki Anom Suroto dene peneliti budaya saking University Of Hawaii, Amerika Serikat, Prof. Roger Long , prof. Soeripto ahli Onkologi Universitas Gajah Mada lan Suyono dosen Ugm. Puncak pengetan ambal warsa kaping 91 taun, Pamulangan  Dhalang Habirandha badhe dipun regengaken pagelaran ringgit purwa   pakeliran padet mapan ing Dalem Yudanegaran, dinten Setu, tanggal 30 Juli 2016.

 

(Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.