Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Ambal Warsa Kabupaten Klaten Kaping 212

Pengetan Ambal Warsa Kabupaten Klaten Kaping 212

Klaten,www.jogjatv.tv – Kangge mengeti ambal warsa kaping 212, Kabupaten Klaten, Pemkab Klaten ngadani upacara bendera kanthi swasana jawa, dhateng alun-alun klaten, dinten Kemis (28/7) enjing. Upacara bendera dipun gelar kanthi prasaja, dipun pandegani dening Bupati Klaten, Sri Hartini lan dipun estreni dening  muspida, pejabat, tokoh masyarakat sarta tamu sedahan. Upacara dipun gelar kanthi swasana jawa, binarung ungeling gendhing jawi dene sedaya pasarta upacara ngangge busana adat jawi. Bupati ngajab  ing ambal warsanipun samangke Klaten badhe saya majeng, mandiri lan saged rebat unggul kaliyan wewengkon sanes, jumbuh kaliyan  irah-irahaning pengetan ambal warsa samangke .

Miturut bupati kanthi ndayakaken sedaya warga lan guyub rukun,  pehakipun pitados saged mujudi  karaharjan masyarakat. Sasampunipun upacara, Bupati Sri Hartini, Wakil Bupati Sri Mulyani lan muspida sarta para pejabat ziarah dhateng pasareyan  Kiai Melati , cikal bakal Kabupaten Klaten ing  Skalekan, Klaten,  kalajengipun ziarah dhateng pasareyan mantan Bupati Klaten. (Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.