Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Budaya Gilingan

Kirab Budaya Gilingan

Solo, www.jogjatv.tv – Mratandhani pungkasaning Wulan Syawal, Warga Solo Jawa Tengah, nindakaken maneka kridha. Warga Kelurahan Gilingan, Kecamatan Banjarsari, Solo nggelar kirab budaya kangge nutup Wulan Syawal.

Kirab budaya ing Kalurahan Gilingan mujudaken agenda taunan ingkang dipun sengkuyung dening 21 Rukun Warga lan warganing Perhimpunan Pedagang Kios Terminal Tirtonadi. Salebeting kirab dipun arak gunungan kupat sarta dipun regengaken maneka kridha seni.  Menggahing bebrayan jawi, gunungan mengku werdi pratelan  raos syukur awit sih nugraha Gusti ingkang hakarya jagat.

Kajawi minangka tandha pungkasipun Wulan Syawal , lampahing kirab ugi dados kalodhangan kangge ndayakaken kaskaya Kaluharan Gilingan, ing babagan seni, budaya ,lan ekonomi masyarakat.

Kirab kados makaten inggih wujud kupiyanipun Pemerintah Kota Surakarta,kangge biwarakaken jagat pariwisata,  saking 50 kelurahan ing Kitha Solo kanthi ciri mathinipun piyambak-piyambak sarta  maneka produk UMKM lokal. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.