Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba  Gendong-Gendongan

Lomba  Gendong-Gendongan

Sragen, www.jogjatv.tv – Mengeti kaping 71 taun Pengetan Dinten Kamardikan,  Panitia Lomba Putulasan Desa Kalangan, Gemolong, Sragen, Jawa Tengah, ngadani maneka lomba ingkang nyleneh, antawisipun lomba gendong-gendongan lan lomba menek pucang tumrap lare-lare.

Pamupu lomba gendong-gendongan saderengipun macak semahipun rumiyin.  Lomba lumampah gayeng, awit para ibu racakipun kawratan gendong kakungipun pramila makaping-kaping dhawah saderengipun tumuju finish. Miturut Panti lan semahipun Alex, tumut lomba kangge ngregengaken Pengetan Dinten Kamardikan RI sarta kangge nedahaken raos tresna dhateng semahipun, sarta wujud kulawarga  ingkang rukun lan tentrem.

Pucak Pengetan Dinten Kamardikan ing Padhukuhan Kalangan badhe dipun adani malem tirakatan dhateng lapangan bal-balan lan dipun estreni dening sedaya warga. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.