Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pendonor Darah Racak Kalangan Wiranem

Pendonor Darah Racak Kalangan Wiranem

Sleman, www.jogjatv.tv – Pendonor darah ing sleman samangke saya kathah lan racak saking kalanganing wiranem. Nanging emanipun pendonor darah ing sleman dereng ngantos kalih persen saking gunggung warga sleman, kados pangangkahipun pmi pusat.

P-m-i sleman, dinten setu kalawingi nggelar musyawarah kerja, muker dhateng salah satunggaling hotel ing jalan magelang sleman. Kejawi kangge evaluasi lampahing kridha p-m-i sleman taun 2015, musyawarah kerja ingkang dipun estreni dening para pengurus pmi kabupaten sleman lan pengurus pmi kecamatan sa kabupaten sleman punika ugi kangge ngrantam program kerja pmi sleman taun 2016 benjing. Salebeting palapuranipun, ketua pmi sleman, sunartono mratelakaken, sadanguning taun 2015 , wonten sawetawis program kerja pmi sleman ingkang boten saged kalampahan. Antawisipun ndandosi markas p-m-i sarta nambah sawetawis sarana-prasarana, awit winatesipun redana. Nanging gayut kaliyan pendonor darah, gunggungipun saya kathah, lan racak saking kalanganing wiranem, inggih para siswa lan ugi mahasiswa.

Sunartono ugi mratelakaken, petangan ideal kathahing pendonor darah dhateng satunggaling tlatah inggih punika kalih persen saking gunggung warga. Nanging ing sleman ingkang samangke warganipun watawis setunggal yuta satus ewu warga, gunggung pendonor daranya taksih kirang saking setunggal persen. Awit saking punika, pmi sleman badhe tansah nggrengsengaken ladosanipun kanthi pangajab gunggung pendonor darah ing sleman saya mindhak.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.