Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kyai Manik Koemolo Wiwit Dipun Dandosi

Kyai Manik Koemolo Wiwit Dipun Dandosi

Bantul, www.jogjatv.tv – Sasampunipun nindakaken wilujengan malem jemuah kalawingi, kreta pusaka kagunganipun pura pakualaman kyai manik kumolo , ingkang badhe kangge kirab jumenengan sri paku alam kaping sedasa, wiwit dipun dandosi. Perangan perangan kreta ingkang risak wiwit dipun lepas lan dipun damelaken enggal.

Mas lurah roto pawiro, ahli kreta keraton ngayogyakarta dinten senen siyang katingal saweg ubed makarya dhateng sangandhaping pagedhongan kreta kyai manik koemolo. Kanthi permati perangan jrambah kreta kagunganipun pura pakualaman punika dipun lepas. Anggenipun nggarap kreta kedah ngantos atos lan permati, supados perangan sanes saking kreta punika boten risak. Kreta kyai manik koemolo perangan jrambah pagedhonganipun sampun risak kepara sawetawis peranganipun jebol, inggih awit kreta punika sampun sepuh.

Mas lurah roto pawiro mratelaken, kreta kyai manik koemolo, inggih kreta damelan london inggris taun 1886. Kreta kanthi sistem per gantung punika inggih kreta pusaka kagunganipun pura pakualaman ingkang mligi kangge kirab jumenengan. Saderengipun lampah mulyakaken kreta, roto pawiro langkung rumiyin siyam sadanguning seminggu, kalajengaken wilujengan kangge miwiti ndandosi perangan kreta ingkang risak. Ciri mathi kreta kyai manik koemolo inggih punika dipun cet werni jene, lan rodha perangan wingking langkung ageng tinimbang ingkang ngajeng. Kangge narik lampahing kreta dipun betahaken kuda cacah enem kanthi ules pethak. Kangge ndandosi kreta punika, roto pawiro nelakaken badhe kupiya supados kreta saged dados saderengipun kirab jumenengan tanggal 7 januari benjing.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.