Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ekonomi kreatif olahan pisang uter

Ekonomi kreatif olahan pisang uter

Gunungkidul,www.jogjatv.tv –Pisang uter, padatan namung kangge pakan peksi kemawon awit kawawas regi panyadenipun mirah. Nanging menawi saged anggenipun ngocal, pisang uter saged dados tetedhan nyamikan ingkang miraos lan mbebatheni tumrap para pelaku usaha.

Minangka salah satunggaling jinis uwoh ingkang kathah ngandhut vitamin lan mineral, boten mokal kathah ingkang remen konsumsi pisang. Prasasat dhateng saindenging indonesia saged dipun prangguli maneka jinis uwit pisang. Limrahipun, uwoh pisang cumawis ing meja makan minangka jangkeping dhedhaharan. Sinaosa makaten ugi wonten sawetawis jinis pisang ingkang badhe langkung miraos menawi dipun ocal langkung rumiyin, antawisipun kanthi dipun damel tetedhan nyamikan.

Satunggaling warga dhusun mendhongan, desa bandung, kecamatan playen, kabupaten gunungkidul, supriyati, ngocal satunggaling jinis pisang dados nyamikan ingkang miraos. Inggih punika sale pisang kanthi bahan baku pisang uter, ingkang sakawit jinis pisang punika boten pajeng kasade. Boten namung raosipun kemawon ingkang manis, wujuding sale pisang uter ugi dipun gatra kadosdene tepas. Laras lampahing wekdal, usaha kreatif saking ibu peputra tiga punika samangke saya dipun remeni dening masyarakat, dene panyadenipun ugi sampun sumrambah dhateng saindenging nuswantara. Kanthi nanjakaken pisang uter ingkang sakawit namung kangge pakan peksi punika, samangke supriyanti saged nambahi pamedalipun para ibu ing kiwa tengenipun. Pramila boten mokal menawi supriyati asring nampi tandha pangalembana.

Gagasan damel maneka olahan pisang punika kawiwitan nalika supriyanti kadhapuk dados ketua kelompok wanita tani ngudi lestari, ingkang madeg taun 2008 kapengker.

Supriyati ngajab kelompokipun saya majeng, lan nyobi mbudidaya kanthi nanjakaken satunggaling bahan baku ingkang kathah ing wewengkonipun, dados tetedhan nyamikan ingkang boten namung miraos nanging ugi mbebatheni. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.