Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pertukaran Kepala Sekolah

Pertukaran Kepala Sekolah

Klaten, www.jogjatv.tv – Kementerian pendidikan dan kebudayaan, kemendikbud nedheng mbiwarakaken program pertukaran kepala sekolah kangge sekolah-sekolah maju lan berpotensi maju kaliyan sekolah ingkang dumunung ing daerah terdepan, terluar dan tertinggal, 3t. Kadosta kepala sekolah sd inpres kabupaten sorong papua ingkang samangke nedheng tumut program kasebat ing sd negeri kradenan kecamatan trucuk klaten, sadanguning sedasa dinten.

Program pertukaran kepala sekolah dipun tengenaken dhateng kalih jinis sekolah. Inggih punika sekolah ingkang dumunung ing daerah 3t, lan sekolah kanthi nilai indeks integritas ujian nasional tinggi. Kadosta kepala sekolah dasar inpres 44 kabupaten sorong papua, septinus ulimfa, ingkang samangke nedheng tumut program pertukaran kepala sekolah dhateng sd negeri kradenan trucuk klaten. Septinus ulimfa mratelakaken kawontenan pawiyatan ing sorong papua kaot tebih kaliyan kawontenan ing klaten. Salah satunggalipun inggih punika winatesipun guru, kepara wonten kepala sekolah ingkang kedah mucal saking kelas setunggal ngantos kelas enem, dereng kathahing pepalang ing daerah pedalaman, kadosta winatesipun gedhung sekolahan.

Kepala uptd pendidikan kecamatan trucuk, edi sutopo, mratelakaken, sekolah lan kepala sekolah imbas inggih sekolah lan kepsek ing wewengkon 3t ingkang ing tembe nampi pengalaman saking kepala sekolah pengimbas. Wondene sekolah pengimbas inggih sekolah lan kepala sekolah ingkang suka pengalaman pembelajaran inspiratif kangge sekolah imbas. Bab punika dipun tindakaken amrih pendidikan tumuli warata dhateng daerah 3t sarta persepsi kurikulum 2013 tumuli sami.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.