Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pejabat Pemkab Tarling

Pejabat Pemkab Tarling

Sleman, www.jogjatv.tv – Kados taun-taun kapengker, sadangunipun Wulan Ramadhan, para pejabat Pemkab Sleman nindakaken Safari Tarawih Keliling (Tarling) dhateng masjid ing sawetawis padukuhan tlatah Sleman, kawiwitan sholat Isya’ lan Tarawih ing Pendhapi Rumah Dinas Bupati Sleman, dinten Rebo (8/6). Miturut rantaman, safari tarling kapantha dados 4 kelompok, saben kelompok cacahipun 30 Pejabat Eselon II lan III. Miturut Bupati Sleman, Sri Purnomo, Safari Tarawih Keliling para pejabat pemkab dados kalodhangan kangge mangertosi pepinginan masyarakat amrih majenging  pambangunan ing Sleman. Sri Purnomo ngajab supados para pejabat Pemkab Sleman nglodhangaken wekdal  tarawih keliling awit rawuhipun para pejabat ing madyaning masyarakat sakelangkung dipun antu-antu.  Kajawi punika, kanthi tarawih keliling para pejabat saged mangertosi pepinginan warga.

Sholat Tarawih ing Pendhapi Rumah Dinas Bupati Sleman ugi minangka wiwitan kulawarga Bupati Sleman, Sri Purnomo cumondhok ing rumah dinas, sasampunipun 10 wulan, cumondhok ing dalemipun piyambak. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.