Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Operasi Pasar Daging Lembu Mirah

Operasi Pasar Daging Lembu Mirah

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Instruksi presiden ingkang ndhawuhi supados daging lembu dipun sade kanthi regi Rp.80 ewu rsaben kilo, boten saged kasembadan awit ngantos samangke,  regi daging lembu taksih awis, antawis Rp.110 ewu ngantos Rp.120 ewu saben kilo. Kangge ngawekani mindhakipun regi daging lembu, Bulog DIY ngadani operasi pasar daging lembu mirah dhateng Peken Bringharjo, dinten Kemis (9/6) enjing. Salebeting operasi daging lembu mirah ingkang samangke taksih  tahap uji coba punika, Bulog nyade daging lembu ongol langkung mirah tinimbang regi ing peken, Rp.95 ewu saben kilo. Kupiya bulog pikantuk tanggapan gumathok saking Pemkot Yogyakarta. Wali Kota  Yogyakarta, Haryadi Suyuti ngajab, operasi pasar daging murah sageda dipun adani kanthi ajeg ngantos dungkap lebaran benjing.

Warga ugi nampi kanthi remen gumelaring operasi pasar daging lembu mirah lan ngajab supados asring dipun adani. ( Hari Atmaja )

 

Share this with friends

Comments are closed.