Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Masjid Pathok Negoro Plosokuning

Masjid Pathok Negoro Plosokuning

Sleman, www.jogjatv.tv — Jumbuh kaliyan namanipun, Masjid Pathok Negoro mujudaken masjid ingkang dados tetenger panguwaos Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Masjid ingkang dipun bangun dhateng 4 papan kasebat, boten namung minangka tetenger nanging ugi kangge papan pangibadahan, ngaos, papan ijab qobul, ngleremaken layon sarta  syiar Agama Islam.

Masjid Pathok Negoro Plosokuning ingkang dumunung ing Desa Minomartani, Ngaglik Sleman punika, inggih salah satunggaling masjid Pathok Negoro yasan dalem Sultan Kapisan Kasultanan Ngayogyakarta. Pinuju Wulan Ramadan masjid tansaya regeng, kanthi maneka kridha antawisipun buka siyam sesarengan, saur sesarengan, jamaah Sholat Taraweh lan pengaosan. Imam Masjid Pathok Negoro Ploso Kuning, Raden Haji Moh Barowi mratelakaken,  kejawi minangka Masjid Kasultanan, Mesjid Pathok Negoro dipun bangun dhateng 4 papan. Awit mujudaken perangan saking masjid kasultanan pramila ketakmiran nunggil kaliyan Masjid Ageng lan Masjid Pathok Negoro sanesipun. Para imam lan pengulu, masjid inggih saking bebadan Pradata Kasultanan Ngayogyakarta dene pradata ukum ingkang inggil piyambak  wonten ing Asta Dalem Sultan. Wonten 3 papan peradilan salah satunggal ing antawisipun inggih Masjid Pathok Negoro, inggih punika, Pasowanan Bale Mangu Pengadilan Pradata lan Pengadilan Hukum Sarambi. Kejawi Masjid Agung Kraton Ngayogyakarta sakilen Alun-Alun Ler Kraton Ngayogyakarta ingkang sinebat Masjid Kasultanan, sabotenipun 5 Masjid Pathok Negoro dipun bangun dhateng 4 kiblat,  inggih punika Masjid Mlangi ing iring kilen, masjid Babadan ing iring wetan,  Masjid Plosokuning ing iring ler sarta Masjid Nurul Huda Dongkelan lan Masjid Wonokromo ing iring kidul. Masjid Agung Kauman lan Masjid Patok Negoro ingkang dipun bangun dhateng sekawan papan kasebat sinebat Kiblat Papat Lima Pancer.

Kajawi arsitektur memper kados  Masjid Agung Kraton Ngayogyakarta, Masjid Pathok Negoro dados teleng kridha keagamaan dhateng sekawan wewengkon ing Ngayogyakarta, antawisipun, pesantren ingkang dipun gegulang dening Abdi Dalem Pamethakan. Masjid Pathok Negoro ugi mirunggan awit boten kapanggihaken ing Kraton Kasunanan Surakarta. Wewangunan Masjid Pathok Negoro Cakrik Jawa, tajug tumpang. Jinangkepan serambi, ruang pawestren, mihrab, mimbar, bedug lan kenthongan. Kajawi punika ugi jinangkepan maksura, papan kangge shalat raja dene sakiwa tengen masjid kinupeng blumbang. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.