Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Inovasi Pendingin Dan Penyegar Kepala Hijaber

Inovasi Pendingin Dan Penyegar Kepala Hijaber

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Hawa benter asring nuwuhaken raos gatel kulit ing perangan sirah. Kringet lan kathaing lisah awit dayaning hawa sumuk boten namung njalari raos gatel nanging ugi njalari rikma lepek lan apek. Saking pengalamanipun piyambak,  5 mahasiswa UGM damel inovasi pendingin dan penyegar kepala bagi hijaber.

Produk ingkang namanipun Hi-Fresh punika, gampil dipun ginakaken. Kanthi kombinasi badhe spandex ingkang memper iket, lajeng dipun iseni gel mligi lan dipun campuri  bahan – bahan herbal sarta toya sacekapipun.

Wiwit dipun damel wulan Mei 2016 kapengker, 5 mahasiswa wau sampun produksi 200 item lan dipun sade lumantar online dene panyadenipun sampun rumambah ngantos Jawa Barat. Reginipun Rp.25.000,00 dene regi gelipun Rp.2 .000,00 sawadah.

5 mahasiswa Jurusan Farmasi dan Teknik UGM punika tansah kupiya ngrembakaken produk Hi-Fresh damelanipun. Kajawi mligi kangge para wanita ingkang ngangge kerudung,produk punika ugi saged dipun ginakaken kangge iket nalika olahraga. Ing tembe, 5 mahasiswa wau badhe damel produk kompres, kangge nyirep badan ingkang benter. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.