Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PDAM Sleman Supados Nyuda Kebocoran

PDAM Sleman Supados Nyuda Kebocoran

Sleman, www.jogjatv.tv – Saya kathahipun warga lan perumahan ing Sleman, njalari kabetahan toya resik ing Sleman ugi saya mindhak kathah. Awit saking punika, Bupati Sleman, Sri Purnomo, ngajab pengelola PDAM Sleman saged nyuda kebocoran  toya, satemah kabetahan masyarakat dhateng toya resik saged kacekapan.

Awit kawawas gadhah prestasi nalika nyangkul ayahan, Direktur Perusahaan Daerah Air Minum ( PDAM ) Sleman, Dwi Nurwoto, ingkang sampun telas masa jabatan, dening Bupati Sleman Sri Purnomo dipun pilih malih kangge kalenggahan kasebat masa bhakti 2016-2020. Wisudhan Dwi Nurwoto minangka direktur PDAM Sleman dipun tindakaken dening Bupati Sleman Sri Purnomo dhateng ruang pertemuan lantai tiga Pemkab Sleman, dinten rebo siyang. Wonten ing pambagyanipun Bupati Sleman Sri Purnomo mratelakaken, saya kathahipun warga ing Sleman ugi mangaribawani saya mindhakipun kabetahan toya resik. Awit saking punika, Bupati Sleman ngajab, minangka jejering direktur PDAM, Dwi Nurwoto, kedah saged nyuda kebocoran toya ing PDAM Sleman, sarta ngindhakaken ladosan dhateng masyarakat, satemah kabetahan masyarakat sleman dhateng toya resik saged kacekapan.

Direktur PDAM Sleman, Dwi Nurwoto, mratelakaken samangke debit toya resik PDAM Sleman 310 meter kubig per detik, kanthi kebocoran watawis 28 persen. Awit saking punika, Dwi Nurwoto badhe kupiya kangge nyuda kebocoran kasebat kanthi masang sawetawis distrik meter area utawi meter air dhateng sawetawis wewengkon. Lumantar cara punika, Dwi Nurwoto, pitados kebocoran toya PDAM Sleman badhe suda watawis tigang persen.

Dwi Nurwoto ugi mratelakaken, kejawi nyuda kebocoran ing taun 2016 samangke, PDAM Sleman gadhah program sego pinggiran, inggih punika damel jaringan enggal dhateng wewengkon Kecamatan Seyegan, Godean, Gamping, Minggir lan Moyudan. Kangge kabetahan kasebat , pramila PDAM Sleman badhe ngindhakaken debit toya ngantos 50 liter per detik.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.