Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Musrenbang Tingkat Kecamatan

Musrenbang Tingkat Kecamatan

Bantul, www.jogjatv.tv – Lumampahipun Undang Undang Desa njalari poros pembangunan Nasional, ewah sakawit saking ngingil mandhap, samangke dados saking mandhap manginggil. Desa minangka teleng pembangunan kedah saged njurung majengipun pembangunan daerah. Musyawarah rencana pembangunan utawi musrenbang inggih dados dhasar baku pembangunan ingkang lumintu lan masyarakat piyambak ingkang nemtokaken enering lampah pembangunan.

Sasampunipun mundur sawetawis dinten musyawarah perencanaan pembangunan, musrenbang tataran Kecamatan Sakabupaten Bantul tundhanipun dipun gelar lan dipun kepyakaken wiwitipun dening Bupati Bantul, Suharsono, dinten Rebo siyang. Atusan pasarta saking SKPD, Kecamatan, Kelurahan lan Sesepuh Masyarakat dipun ajak kangge ngrembag lampahing pembangunan daerah setaun ngajeng.

Wonten ing pambagyanipun, Bupati Bantul, Suharsono ngajab dhateng sedaya SKPD kangge nyawiji lan sesarengan mbangun Bantul. Musrenbang taun samangke kaajab badhe saged dados sarana kawitan kangge mujudi visi misi nalika kampanye kapengker, inggih punika wontenipun ewah ewahan gumathok ing Kabupaten Bantul. Suharsono ugi ngajab supados pembangunan ing Bantul lumampah rancag lan resik. Awit saking punika Kejaksaan lan Kepolisian badhe tansah dipun ajak tembayatan kangge nyipta Pemerintahan Kabupaten Bantul ingkang resik lan akuntabel. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.