Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Mbudidaya Nyepeng Sawer Ageng

Warga Mbudidaya Nyepeng Sawer Ageng

Klaten, www.jogjatv.tv – Warga Desa Karangtalun lan Tegalampel, Kecamatan Karangdowo, Klaten, Jawa Tengah, horeg jalaran wontenipun tiga sawer ageng ingkang saba dhateng wewengkon desa kasebat. Saking tiga sawer ageng kasebat, setunggal sawer panjang tigang meter saged dipun cepeng, dene kalih sanesipun dereng saged dipun cepeng, awit mlebet rong dhateng tanggul lepen.

Kados makaten punika suwasananipun nalika warga Desa Karang Talun lan Tegal Ampel, Kecamatan Karangdowo, Klaten, madosi kalih sawer ageng ingkang saba dhateng wewengkonipun. Papan kasebat lajeng kebak dening warga ingkang kepengin ningali anggenipun badhe nyepeng sawer, ingkang miturut pandugi panjangipun ngantos welasan meter. Warga taksih mbudidaya nyepeng kalih sawer ageng ingkang ngerong dhateng tanggul. Kanthi piranti prasaja, wiwit saking sarem, pacul, linggis lan sapanunggalanipun, warga mbudidaya ndhudhuk tanggul ingkang dipun dugi dados rong sawer. Pambudidaya kangge nyepeng sawer punika sampun dipun tindakaken wiwit dinten setu kapengker, nanging ngantos samangke kalih sawer ingkang panjangipun watawis gangsal welas meter dereng saged kacepeng. Ingkang saged kacepeng saweg anakan sawer ingkang panjangipun sampun watawis tigang meter.

Miturut salah satunggaling warga, Arif, sakawit wonten warga ingkang lapur nalika saweg angon menda dhateng tanggul kasebat, mangertosi wonten sawer ageng ingkang badhe mangsa mendanipun. Nanging jalaran konangan sawer ageng wau wurung mangsa menda lan mlebet dhateng rong ingkang samangke dipun dhudhuk dening warga.

Warga ngajab wontenipun sambutan alat berat saking pamarentah kangge ndhudhuk tanggul satemah saged nyepeng sawer ageng, awit ngantos samangke taksih damel kuwatosipun warga. Saderengipun sawer saged kacepeng, warga tansah siyaga kawanlikur jam supados sawer boten saba mlebet dhateng kampung lan mangsa rajakaya . ( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.