Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasar Murah

Pasar Murah

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pasar murah ingkang dipun adani dening Bulog DIY dhateng peken tradisonal ing Wulan Ramadhan samangke,regeng. Ing dinten kaping tiga Wulan Ramadhan, pasar murah dipun gelar ing Peken  Beringharjo, dinten Rebo (8/6) enjing. Pasar murah ingkang dipun tindakaken wiwit dinten sepisanan Wulan Siyam, dinten Senen (6/6), nyawisaken sembako kanthi regi ingkang mirah. Uwos ingkang reginipun antawis Rp.9.000,00 ngantos Rp.11.000,00 dipun sade kanthi regi Rp.7.800,00 saben kilo. Gendhis pasir ingkang sakawit reginipun Rp.15.000,00 ngantos Rp.17.000,00 dipun sade kanthi regi Rp.12.500,0, lisah goreng ingkang reginipun Rp.13.500,00 dipun sade kanthi regi Rp.13.000,00 saben liter dene regi brambang ingkang samangke nggayuh Rp.32.000,00 dipun sade kanthi regi Rp.23.000,00 saben kilo. Boten ngantos 2 jam, sembako mirah kasebat telas dipun tumbas warga dene supados waradin anggenipun tumbas dipun watesi.

Pasar murah ramadhan dipun adani dening Bulog DIY kangge ngandhapaken regi kabetahan baku lan badhe dipun adani ngantos  regi sembako murwat malih. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.