Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Miniatur Masjid Saking Kuweh Kancing

Miniatur Masjid Saking Kuweh Kancing

Solo, www.jogjatv.tv – Maneka kupiya dipun lampahi kangge mahargya Wulan Suci Ramadhan. Salah satunggaling hotel berbintang ing Solo, Jawa Tengah, mahargya Wulan Ramadhan, kanthi damel miniatur  masjid saking kuweh kancing.

Miniatur  masjid karakit saking ewonan  kuweh kancing lan dipun papanaken dhateng loby satunggaling hotel ing Solo,Jawa Tengah. Cakrik wewangunan ingkang eksotik, kawimbuhan maneka warni ingkang padang, sengaja dipun pilih kangge mahargya wulan  Siyam taun punika.

Chief hotel ngantos samangke taksih ngrampungaken miniatur masjid kanthi ngrakit kuwe maneka warni, ngangge lem saking gandum , tanmien lan tigan.

Diameter miniatur masjid, 80 cm dene inggilipun 100 cm, kadamel sadanguning 4 dinten, nanjakaken wolung  ewu wungkus kuweh kancing. Kuweh kancing inggih kuweh kering tradisional ingkang gatranipun bunder alit maneka warni.

Ancasipun milih kuweh kancing kangge damel miniatur masjid awit mujudaken tetedhan tradisional ingkang dipun remeni masyarakat sarta kangge nglestantunaken tetedhan tradisional.

Wontenipun miniatur masjid saking kuweh kancing kaajab sageda dados daya tarik tumrap tamu hotel amrih regenging swasana Wulan Ramadhan samangke. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.