Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasudiyan Uwos Bulog DIY Cekap

Pasudiyan Uwos Bulog DIY Cekap

Sleman, www.jogjatv.tv – Pasudiyan uwos ing Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY), sadanguning Wulan Suci Ramadhan, cekap. Bab wau dipun andharaken dening Kepala Bulog Divisi Regional DIY nalika nyemak pasudiyan uwos Bulog ing tlatah Purwomartani, Kalasan, Sleman.,

Sadanguning Wulan Ramadhan ngantos dungkap lebaran, kabetahan uwos masyarakat tikel. Kangge mangertosi pasudiyan uwos, Kepala Bulog Divre DIY, Sugit Tedjo Mulyono nyemak pasudiyan uwos kelas medium, dhateng gudang Bulog ing tlatah Purwomartani, Kalasan, Sleman. Kajawi nyemak mutuning uwos, petugas ugi nyemak proses fumigasi. Pasudiyan uwos Bulog Divre DIY ngantos wulan Februari 2017  nggayuh 36 ewu ton. Awit saking punika, Bulog Divre DIY ngajab supados masyarakat boten kuwatos lan boten nandho uwos awit  pasudiyan uwos ing  DIY Cekap.

Nalika ngadani oparesi pasar, Bulog Divre D-I-Y nyade uwos kelas medium kanthi regi Rp.7.800,00 saben kilo dene uwos premium reginipun Rp.8.500 saben kilo.  Salebeting program Serap Gabah dari petani-Sergab ngantos samangke Bulog Divre DIY sampun ngimpun 28 ewu 700 ton gabah kering giling. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.