Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Parade Tari Tingkat DIY 2016

Parade Tari Tingkat DIY 2016

Bantul, www.jogjatv.tv – Malem Kemis (20/7), Dinas Kebudayaan DIY nggelar seleksi Parade Tari tataran DIY, mapan dhateng pendhapi SMK Negeri satu Kasihan, Bantul. Miturut Kepala Dinas Kebudayaan Diy, Umar Priono, Seleksi Parade Tari inggih ajang kompetisi tumrap beksan gagrag enggal kanthi pathokan seni tradisi ing Ngayogyakarta, ingkang sumberipun saking lampah adat, mitos, legenda lan dongeng. Seleksi Parade Tari tingkat diy taun 2016, dipun estreni dening wolung pamupu saking kabupaten kota sa DIY lan dipun titi sarta dipun biji dening dewan juri. Salajengipun, pamupu ingkang pinilih badhe kadhapuk dados Duta Tim Kesenian DIY salebeting Parade Tari Nusantara tataran Nasional 2016 ing Jakarta.

Umar Priono ugi ngajab lampahing Parade Tari tataran DIY badhe dados ajang kreatif tumrap para seniman kangge ngangkat daya kaskaya seni. Wolung pamupu ingkang tumut kridha kasebat inggih punika Tari Mahesasura saking UNY, Tari Dara Dasih saking Kabupaten Sleman, Tari Talang Kencana saking Gunungkidul, Tari Aksara saking Smk Negeri 1 Kasihan, Bantul, Tari Midangjaran saking Kabupaten Kulonprogo, Endog Abang saking Bantul, Si Kendhil saking Kota Yogyakarta lan Lampor saking ISI Yogyakarta. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.