Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tari Makarya Bangun Desa

Tari Makarya Bangun Desa

Bantul, www.jogjatv.tv – Pucak pengetan ambal warsa Kabupaten Bantul ingkang kaping 185, dipun gelar dinten Rebo (20/7) sonten. Salah satunggaling kridha ingkang narik kawigatosan inggih punika Pagelaran Tari Kolosal Makarya Bangun Desa, sadanguning tigang dasa menit.

Atusan penari saking Kecamatan Kretek Bantul kanthi sigrak lan kebak greget maragani tari gagrag enggal sesirah Makarya Bangun Desa.

Miturut salah satunggaling penari, Suyata, Tari Makarya Bangun Desa inggih wujud pangejawantah saking rencana kerja Pemerintah Kabupaten Bantul gangsal taun ngajeng. Nggambaraken greget lan patembayatan antawisipun sedaya perangan masyarakat, pejabat pemerintahan lan pangarsa umat kangge mbangun Kabupaten Bantul Projotamansari. Tari kolosal punika dipun paragani dening satus sedasa penari saking Kecamatan Kretek, Bantul. Betah wekdal ngantos kalih wulan dangunipun kangge nggladhi koreografi tari Makarya Mbangun Desa punika . ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.