Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pambiji Lomba Kalurahan lan Desa Nasional 

Pambiji Lomba Kalurahan lan Desa Nasional 

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kota Yogyakarta nampi rawuhipun Tim Penilai Lomba Kelurahan dan Desa Tingkat Nasional. Tim pambiji kasebat badhe nindakaken klarifikasi dhateng Kalurahan Rejowinangun minangka pamupu lomba tataran nasional.

Rawuhipun Tim Penilai Lomba Desa dan Kelurahan Tingkat Regional Jawa Bali dipun tampi dening sawetawis jajaran pejabat Pemerintah Kota Yogyakarta sarta lurah lan Warga Rejowinangun, Kotagede, Yogyakarta. Para tamu ugi dipun sugata pagelaran seni ingkang wonten ing Rejowinangun. Asisten Pemerintahan Sekda Kota Yogyakarta, Ahmad Fadli ngajab supados sadanguning 2 dinten tim pambiji saged ningali kanthi langsung daya kaskaya Kalurahan Rejowinangun minangka kalurahan ingkang kebak inovasi.

Awit panyengkuyung saking masyarakat, Kalurahan Rejowinangun kawentar kanthi maneka kuliner, budaya, kerajinan, agro lan herbal. Taun 2015 kapengker, Kalurahan Rejowingun lumantar lurah nampi tandha pangaji-aji Adhi Karya Pangan Nusantara 2015 saking Presiden Joko Widodo.

Makili rombongan Tim Penilai Lomba Desa dan Kelurahan Sejawa Bali, Ratna Andriyani mratelakaken, ing mangkenipun Kalurahan Rejowinagun badhe rebat unggul kaliyan 4 kalurahan lan 4 desa ing provinsi se Jawa Bali. Lomba ingkang ugi minangka sarana evaluasi pangrembakaning kalurahan tataran regional taun 2016 samangke inggih wujud kridha taunan lan mangkenipun badhe dipun pilih 3 kalurahan lan 3 desa adhedhasar pambiji kanthi kriteria ingkang sampun dipun temtokaken dening Kementrian Dalam Negeri. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.