Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Panti Karya Mbludag

Panti Karya Mbludag

Kota yogyakarta, www.jogjatv.tv – Tempat penampungan gelandangan dan pengemis gadhahanipun Pemerintah Kota Yogyakarta, Panti Karya samangke mludag. Papan penampungan gelandangan lan pepriman ingkang dumunung ing tlatah Karang Kajen kasebat sawetawis wekdal kapengker nampi rawuhipun duta saking ngamanca, ingkang nindakaken study banding. Kapasitas gedung kangge 85 tiyang nanging samangke dipun panggeni 90 tiyang. Warganing panti wimbuh saking razia petugas lan titipan kulawarga panandhang gangguan mental. Miturut Kepala UPT Panti Karya, Ari Nugroho Yohanes sinaosa samangke penghuni panti mbludag nanging pehakipun tansah nengenaken ladosan dene kangge taun punika, Pemerintah Kota Yogyakarta, sampun nyawisaken anggaran dana operasional kangge Panti Karya gunggung Rp 2, 3 miliar. Redana kasebat kangge mblanja pegawai panti sarta kangge nyekapi kabetahan warganing panti.

( Hari Atmaja )

 

Share this with friends

Comments are closed.