Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin Sawega Ngadhepi MEA

Perajin Sawega Ngadhepi MEA

Klaten, www.jogjatv.tv – Tumapak lampahing Masyarakat Ekonomi Asean (MEA) Usaha Kecil Menengah, kedah grengseng inovasi lan kreatif supados saged rebat unggul kaliyan produk ngamanca.

Salah satunggaling perajin jam tangan kajeng ing Desa Pereng, Kecamatan Prambanan, Klaten, Suwanto, ngajab pamarintah ngindakaken daya saing lan Sumber Daya Manusia (SDM) kangge ngadhepi persaingan bebas MEA. Kajawi punika pamarintah kaajab nggladhi pelaku UKMsupados mumpuni, lantip supados saged rebat unggul kaliyan produk ngamanca. Kajawi punika tenaga karya saking nagari ngamanca ugi mlebet dhateng Indonesia pramila mutu SDM Indonesia ugi kedah dipun indhakaken.

Perajin jam tangan kajeng ugi betah kreatifitas lan inovasi awit tantangan tansaya awrat , boten namung rebat unggul kaliyan produk salebeting nagari kemawon nanging ugi kaliyan produk saking nagari Sa Asean. Sinaosa makaten Suwanto sawega ngadhepi MEAawit wohing pakaryanipun inggih produk lokal.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.