Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kabetahan Tikel,Regi Ulam Mindhak

Kabetahan Tikel,Regi Ulam Mindhak

Bantul,www.jogjatv.tv – Wiwit regi daging ayam mindhak, para ibu gantos konsumsi ulam. Kawontenan kasebat njalari kabetahan tikel satemah regi ulam ugi mindhak.

Bakul ulam ing Peken Bantul , dinten Kemis (14/1) siyang kelarisan. Para ibu katingal ilir gumanti tumbas ulam. Wiwit regi daging ayam mindhak , daya beli masyarakat mandhappramila warga gantos tumbas ulam ingkang reginipun murwat.

Suparti , salah satunggaling bakul pepes ulam nila rumaos kaget, awit samangke regi ulam loh mindhak. Sakawit Rp 28.000,00 mindhak dados Rp 32 .000,00 saben kilo. Miturut pandugi samangke regi ulam mindhak jalaran kathah konsumen daging ayam ingkang gantos konsumsi ulam. Sinaosa makaten mindhakipun regi ulam kawawas taksih limrah.

Miturut bakul ulam ing los Peken Bantul,Juminten, wiwit regi daging ayam mindhak, para ibu milih tumbas ulam. Para ibu racakipun tumbas ulam lele, nila lan patin awit reginipun mirah. Regi ulam   lele popog Rp 22.000,00 saben kilo. Sinaosa makaten samangke regi welut mindhak, sakawit Rp 58.000,00 samangke Rp 70.000,00 saben kilo. Miturut pandugi, kawontenan kasebat awit kaperbawan anomali cuaca ingkang njalari budidaya welut kirang tumanja.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.