Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Panen Raya Regi Uwos Mandhap

Panen Raya Regi Uwos Mandhap

Klaten, www.jogjatv.tv – Regi uwos mutu premium utawi sedhengan ing peken saya mandhap. Adhedhasar panyemak dhateng peken Klaten,  regi uwos mu sedhengan ingkang sakawit sangangewu rupiyah saben kilo, samangke dados wolung ewu gangsalatus rupiyah saben kilonipun. Wondene regi lombok samangke kepara malah mindhak jalaran winatesipun pasokan.

Mandhapipun regi uwos muju sedhengan sampun dumados seminggu pungkasan, awit samangke nedheng wanci panen raya pantun. Endang, salah satunggaling bakul sembako mratelakaken sampun ngawekani bab kasebat, pramila boten kathah nandho uwos. Miturut pandugi regi uwos badhe saya mandhap laras kaliyan kathahing papan ingkang panen raya.

Wondene kabetahan masyarakat sanesipun, kadosta lombok, ngantos samangke reginipun taksih awis. Regi lombok dhateng peken klaten antawis 45 ewu ngantos 50 ewu rupiyah saben kilonipun. Salah satunggaling bakul lombok, Ngatmi mratelakaken, regi lombok boten ajeg, saking regi antawis tigangdasa ewu rupiyah saben kilonipun. Mindhakipun regi lombok awit winatesipun pasokan jalaran saperangan gagal panen awit paneraking pathek. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.