Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dharmasanti Nyepi 1938 Caka

Dharmasanti Nyepi 1938 Caka

Sleman, www.jogjatv.tv – Pucak pahargyan Riyadi Nyepi Warsa Enggal Saka 1938, dipun tandhani kanthi simakrama utawi silaturahmi dharmashanti dhateng gedung serbaguna Sleman, Sabtu (19/3). Salebeting kridha kasebat, pangarsaning Agama Hindhu saking Bali, Ida Bedande Gede Made Gunung  ngajab dhateng sedaya Umat Agama, supados tansah tresna asih dhateng sasama.

Pucak pahargyan riyadi nyepi warsa enggal caka 1938, inggih simakrama utawi silaturahmi dharma shanti nyepi, Umat Hindu sa DIY ingkang dipun gelar dhateng gedhung serbaguna Sleman, kawiwitan kanthi nancebaken dupa suci dhateng satunggaling tumpeng, dening Bupati Sleman Sri Purnomo, dipun ampingi dening pangarsaning agama. Kridha ingkang dipun estreni dening Umat Hindu sa DIY punika, ugi dipun regengaken maneka kagunan seni tradisional Bali.

Salebeting dharma wacana utawi wejangan, Ida Bedande Gede Made Gunung mratelakaken, kangge mujudi katentremaning jagad umat kedah sayuk rukun, lan wantun mulat salira hangrasa wani.

Bupati Sleman, Sri Purnomo, mratelakaken, kerukunan antawisipun Umat Agama ing Sleman, sampun sae lan kedah dipun jagi. Awit saking punika, Sri Purnomo ngajab dhateng sedaya Umat Agama ing Sleman kupiya njagi larasing sesambetan kasebat, inggih sesambetan antawisipun manungsa, gusti lan alam. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.