Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Lombok Mandhap, Sayuran Mindhak

Regi Lombok Mandhap, Sayuran Mindhak

Purworejo, www.jogjatv.tv – Regi lombok ingkang sakawit awis, samangke wiwit mandhap. regi lombok rawit ingkang sakawit sewidak ewu rupiyah, samangke mandhap dados 45 ewu rupiah saben kilo. dene komoditas sayuran reginipun kepara mindhak antawis kalih ewu ngantos tigang ewu rupiyah saben kilonipun

Regi lombok ing peken tradisional Purworejo samangke wiwit mandhap. Kadosta dhateng peken Suronegaran, regi lombok ingkang sakawit sewidak ewu rupiyah samangke mandhap dados kawandasa gangsal ewu rupiyah saben kilo. Lombok abrit keriting ingkang sakawit seket ewu rupiyah samangke mandhap dados tigangdasa gangsal ewu rupiyah, dene lombok ijem ingkang sakawit kalihdasa ewu rupiyah samangke mandhap dados gangsal welas ewu rupiyah saben kilonipun. Miturut para bakul mandhapipun regi lombok punika awit gumantung saking para pemasok.

Nalika regi maneka jinis lombok samangke mandhap, komoditas sayuran kadosta tomat, wortel, lan buncis, kepara malah mindhak antawis kalih ewu ngantos tigangewu rupiyah saben kilonipun.

( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.