Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Paket Sembako Mirah

Paket Sembako Mirah

Boyolali, www.jogjatv.tv – Ewonan warga ing Boyolali, Jawa Tengah, dinten Jemuah (10/6) siyang rila dhesuk-dhesukan amrih saged tumbas paket sembako mirah ingkang dipun cawisaken dening salah satunggal warganing DPR RI. Nalika peken sembako mirah kasebat dipun bikak, ewonan warga lajeng ngangseg lan dhesuk dhesukan supados saged tumbas paket sembako mirah. Peken sembako mirah sengaja dipun gelar nalika komoditas pangan reginipun saweg mindhak, mliginipun ing Wulan Siyam samangke. Kepara wonten satunggaling lansia lan balita ingkang kejepit ewonan warga ingkang ngangseg majeng, dhateng plataran Madrasah Ibtidaiyah Muhammadiyah Desa Tawangsari, Teras, Boyolali, Jawa Tengah. Begjanipun sawetawis petugas tumuli tumandang kangge nulungi lan lansia lan balita wau.

Ewonan warga lila dhesuk dhesukan amrih saged nampi paket sembako kanthi regi Rp.40.000,00 isi uwos 5 kilo, gendhis pasir sekilo sarta lisah goreng 2 liter pengaos Rp.90.000,00.

Peken mirah ingkang dipun gelar dening salah satunggal warganing DPR RI Endang Srikarti Handayani sesarengan kaliyan bulog punika inggih kangge ngentheng enthengi sesangganipun masyarakat salebeting Wulan Siyam samangke.

Warga ngajab kridha kados makaten asring dipun gelar awit samangke regi sembako saya awis. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.