Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Komoditas Pangan Mindhak

Regi Komoditas Pangan Mindhak

Klaten, www.jogjatv.tv – Wakil Bupati Klaten, Jawa Tengah, Sri Mulyani, nindakaken panyemak regi kabetahan baku dhateng sawetawis peken tradisional ing tlatah Klaten antawisipun dhateng Peken Klaten Kota lan Peken Wedi. Panyemak dipun tindakaken kanthi ndhatengi sawetawis bakul, inggih bakul sembako, sayuran lan daging. Saking asil panyemak, dipun mangertosi sawetawis komoditas pangan reginipun mindhak sinaosa tetep taksih saged kagayuh. Wakil Bupati Klaten, Sri Mulyani mratelakaken, panyemak punika inggih kangge mesthekaken regi komoditas salebeting Wulan Siyam satemah pemerintah saged mutusaken bab kawicaksananipun.

Miturut salah satunggaling kadang bakul, samangke komoditas pangan ingkang mindhak antawisipun gendhis pasir, saking Rp.15.500,00 saben kilonipun, mindhak dados Rp.17.000,00 saben kilo. Tigan ayam mindhak kalih Rp.2.000,00 satemah dados Rp.22.000,00 saben kilonipun. Regi maneka jinis uwos mindhak sewu rupiyah saben kilonipun. Lisah goreng kemasan mindhak Rp.2.000,00 samangke reginipun dados Rp. 14.000,00 saben literipun. Miturut pandugi regi punika badhe saged mindhak malih ngantos Lebaran benjing. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.