Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pados Takjil Ing Pasar Sore Kauman

Pados Takjil Ing Pasar Sore Kauman

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Nalika Wulan Suci Ramadhan limrahipun mratah pasar tiban dhateng sawetawis wewengkon. Ing Kota Yogyakarta, wonten satunggaling pasar tiban ingkang kawentar, inggih punika Pasar Sore Kauman.

Pasar Sore Ramadhan ing Kampung Kauman, Ngayogyakarta sampun dados tradisi. Dhateng sauruting gang ing tengah kampong ingkang panjangipun 200 meter lan wiyar 2 meter dipun dhasaraken maneka tetedhan tradisional lan takjil kangge buka siyam

antawisipun kue kicak, corong, kipo sarta maneka unjukan, antawisipun sup buah lan kolak ugi maneka lawuh.

Sinaosa namung sadeyan ing wanci Wulan Ramadhan kemawon nanging omzet para bakul nggayuh yutan  rupiyah saben dinten.

Sinaosa kedah suk-sukan nanging bab wau ingkang dados ciri mathi lan daya tarik warga kangge blanja. Kejawi tumbas maneka tetedhan lan menu buka siyam ugi wonten warga ingkang dhateng Pasar Sore Kauman kangge ngabuburit.

Pasar Sore Kauman bikak sepisanan nalika taun 1973 lan samangke wonten 56 stand dene peken bikak wiwit jam 15.00 WIB ngantos wanci Maghrib. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.