Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Seni Tari Tradisi Kerakyatan

Pagelaran Seni Tari Tradisi Kerakyatan

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Seni tari tradisi kerakyatan inggih kaskaya budaya ingkang kedah dipun pepetri minangka paugeran tumrap seniman nalika ngripta seni kreasi enggal utawi  kontemporer. Seniman boten namung kedah nengenaken pepakem seni tari klasik kemawon nanging ugi seni tari tradisi kerakyatan saperlu dipun garap dados  seni tari kreasi enggal ingkang mranani.

 

Bab wau dipun andharaken dening Kasi Kontemporer Dinas Kebudayaan DIY, Eni Lestari Rahayu ing sak sela-selaning  pagelaran Seni Tari Kerakyatan ing Pendhapi Dinas Kebudayaan DIY. Miturut  Eni, Seni Tari Kerakyatan Angguk Putri saking Kulonprogo kalebet tari kerakyatan ing tlatah Pareden  Menoreh ingkang saged dados pepakem tumtap seniman salebeting ngripta  seni kreasi enggal utawi seni kontemporer. Seni Angguk Putri saking Kulonprogo punika nate dipun tanggap ing Istana Negara nalika taun 2014 kapengker. Kejawi punika,seni kerakyatan topeng ireng saking Kabupaten Sleman ingkang ngembang ngrembaka ing tlatah  Pereng Redi Merapi ugi saged dados sumber gagasan tumrap seniman.

 

Seni tayub saking Kabupaten Gunung Kidul lan Seni Reog Keprajuritan saking Kota Yogyakarta lan reog wayang saking Kabupaten Bantul ugi saged dados sumber gagasan  tumrap para seniman kangge nggarap seni kontemporer. Gumelaring Seni Tari Kerakyatan kaajab sageda  dados sumber gagasan tumrap seniman kejawi  seni tari klasik kangge ngripta  karya seni tari ingkang unggul kangge tumut seleksi Parade Seni Tari Nusantara DIY taun 2016. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.