Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Peken Srowolan Ciri Mathi Desa Wisata

Peken Srowolan Ciri Mathi Desa Wisata

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa namung bikak ing wanci pekenan tartamtu nanging Peken Tradisional Srowolan ing Padukuhan Srowolan, Desa Purwobinangun, Kecamatan Pakem Sleman, yektinipun ngemot aos sejarah. Miturut sawetawis warga,Peken Srowolan dipun bangun nalika jaman penjajahan Walandi. Rikala semanten dipun ginakaken dening para pejuwang kamardikan Indonesia kangge papan nggethok tularaken kekiyatan pasukan Walandi. Sasampunipun  Indonesia merdika, wewangunan peken dipun tanjakaken warga sakiwa tengen kangge sadeyan. Peken kasebat, bikak saben pekenan Wage. Sinaosa cacahing kadang bakul namung sekedhik nanging  peken tetep dipun pepetri, kepara badhe dipun mekaraken  minangka ciri mathi Desa Wisata Srowolan.

Miturut Kepala Kantor Pengendalian Pertanahan Daerah Sleman, Krido Suprayitno, Peken Srowolan dipun bangun dhateng pasiten Sultan Ground ingkang wiyaripun 1 hektar. Cundhuk paugeran Kraton Ngayogyakarta, Sultan Ground namung kepareng dipun tanjakaken kangge tigang kridha nggih punika   pengembangan budaya, kegiatan sosial masyarakat kadosta kangge peken, pendidikan lan papan wisata sarta kangge ngindakaken karaharjan masyarakat. Awit saking punika, Peken Swowolan ingkang ugi dipun sebat peken perjuwangan  badhe dipun pepetri  lan dipun mekaraken  minangka ciri mathi Desa Wisata Srowolan. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.