Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ndayakaken Pekawisan Griya

Ndayakaken Pekawisan Griya

Bantul, www.jogjatv.tv – Saya ciyutipun laladan pasabinan njalari produktivitas bahan pangan suda. Pambangunan perumahan ingkang waton kepara kanthi ngurug pasiten subur, ngancam produktifitas pangan. Awit saking punika betah kupiya saking maneka pehak, kangge bikak laladan enggal kanthi ngecakaken  metode enggal ingkang efektif lan efisien.

Dinten Rebo (27/4) siyang, Bupati Bantul, Suharsono ngepyakaken Gerakan Optimalisasi Pekarangan kangge  bikak laladan pasabinan enggal ingkang efisien. Atusan Kelompok Wanita Tani sa Kabupaten Bantul ngestreni kridha ingkang mapan ing Bale Desa Sumberagung, Jetis, Bantul.

Salebeting kalodhangan kasebat, Bupati Bantul masrahaken  bantuwan bibit taneman lan woh-wohan kangge njurung lampahing Program Optimalisasi Lahan Pekarangan. Sinaosa dereng sedaya Kelompok Tani Wanita tumut program wau nanging angkahipun ing taun 2017 benjing, sedaya KWT Bantul sampun tumut Program Optimalisasi Lahan.

Bupati Bantul,ngajab supados sedaya ibu rumah tangga miwiti Gerakan Optimalisasi Lahan Pekarangan. Sinaosa pekawisan namung ciyut nanging saged dipun dayakaken kangge budidaya pertanian hortikultura, peternakan lan perikanan sauger dipun larasaken kaliyan kontur lan kawontenan pasiten. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.