Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pados Uler Jati

Pados Uler Jati

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Tumapak mangsa rendheng uwit jati ing tlatah Gunungkidul katerak uler. Awit saking punika, kathah warga ingkang ingkang pados ungkrung lan uler jati, saperlu dipun sade punapa dene kangge konsumsi piyambak.

Paneraking uler limrahipun njalari masyarakat ajrih. Kosok wangsulipun, paneraking uler jati dhateng sadengah tlatah ing Kabupaten Gunungkidul kepara bebatheni tumrap masyarakat. Awit saking punika, samangke kathah warga ingkang pados ungkrung lan uler jati, dhateng wana jati, antawisipun wana grogol, wonosari ingkang samangke dados jujugan   warga ingkang pados ungkrung, lan uler jati. Warga pados uler dhateng ron jati garing ingkang rontok. Miturut salah satunggaling warga Nglipar, Gunungkidul, Jono, uler jati menawi dipun goreng miraos sanget lan kathah ngandhut protein. Warga pados uler wiwit enjing ngantos sonten, asilipun 2 ngantos 3 kilo uler, dene reginipun 40 ewu ngantos 50 ewu rupiah, saben kilo.

Warga gunungkidul pados uler lan ungkrung, minangka pakaryan samben, kangge nambah pamedal kulawarga.

( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.