Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pentas Seni Among Lare

Pentas Seni Among Lare

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Komunitas njeron beteng, Kraton Ngayogyakarta, nggelar pentas seni tradisional, among lare 2016, sesirah seni rakyat merawat kota, mapan ing plaza ngasem. Ancasipun kangge memetri kagunan seni tradisional ing madayaning masyarakat supados boten kadhesuk pangrembakaning jaman modern.

Miturut ketua panitia, cyprianus lilik krismantoro putromratelakaken, salebeting pentas seni among lare samangke, maneka kridha seni tradisi ing sakiwa tengan Kraton Ngayogyakarta, antawisipun dolanan tradisional, ingkang dados sarana kangge manunggalaken warga ing antawisipun kadipaten.

Maneka kridha seni ingkang dipun gelar antawisipun jatilan, tari warok, lan gejog lesung. Elokipun pentas gejog lesung , kangge ngirirngi penari ingkang jejogetan.

Kridha kasebat dipun rawuhi dening Anggota Komisi X DPR RI, Esti Wijayanti, mratelakaken, sinaosa redana ingkang dipun gadhahi winates, nanging warga greget ngleluri kagunan seni budaya adiluhung, tilaranipun leluhur amrih lestari.

Kesenian tradisional mujudaken salah satunggaling warisan budaya. Awit saking punika, masyarakat kedah gadhah kesadaran kangge memetri kagunan budaya kasebat.

( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.