Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Baris Berbaris

Lomba Baris Berbaris

Klaten, www.jogjatv.tv – SMA Negeri 2 Klaten nggelar lomba baris berbaris dhateng gor gelarsena Klaten. Lomba dipun estreni dening 27 sekolah tataran SMA lan SMP sa Jawa Tengah Lan DIY, dene ancasipun kangge mupuk jiwa nasionalisme lan jiwa kepemimpinan tumrap siswa.

27 kontingen nedahaken kasagetanipun dhateng sangajenging dewan juri , warganing TNI lan Polri. Saben kontingen nedahaken atraksi baris berbaris kanthi maneka konfigurasi gerakan ingkang endah lan formasi ingkang mranani, dene bab ingkang dipun biji bab penguasaan materi, sikap dasar, lan kekompakan.

Kepala SMA Negeri 2 Klaten, John Priono mratelakkaen, lomba baris berbaris sampun kaping 9 dipun gelar, ancasipun kangge ndunungaken para pelajar supados disipilin, kompak, tanggel jawab lan gadhah bebuden luhur, sarta nggadahi jiwa nasionalisme.

John priono ugi mratelakakaen lomba samangke ugi dados kalodhangan kangge sesrawungan kaliyan siswa sanes sarta kangge ndudah daya kreasi salebeting bidang baris berbaris.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.