Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Operasi Bersinar, Pejabat Pemkab Tes Urin

Operasi Bersinar, Pejabat Pemkab Tes Urin

Magelang, www.jogjatv.tv – Kangge mujudi pemerintahan ingkang resik saking narkoba, Satuan Narkoba, Kepolsian Resort Magelang nindakaken tes urin  dadakan tumrap pejabat Pemerintah Kabupaten Magelang.

Mboko setunggal pejabat Pemkab Magelang tes urin, salebeting operasi Berantas Sindikat Narkoba (Bersinar).

Salebeting operasi ingkang sepisanan, petugas kepolisian boten manggihaken pejabat ingkang ngginakaken narkoba. Miturut Wakil Walikota Magelang, Zainal Arifin, nyengkuyung kupiya Kepolisian Resort Magelang salebeting mujudi pemerintahan ingkang resik saking narkoba kanthi nindakaken tes urin ing wilayah kerjanipun.

Wondene Kasat Narkoba Polres Magelang, AKP Eko Sumbodo mratelakaken, saking puluhan pejabat ingkang dipun pilih acak boten wonten ingkang positif ngonsumsi narkoba.

Miturut rantaman salebeting operasi Bersinar ingkang dipun tindakaken wiwit tanggal 21 Maret ngantos 19 April 2016 benjing, petugas kepolisian badhe nindakaken  tes urin dhateng instansi ing tlatah Kabupaten Magelang. (Yuki Pramudya)

Share this with friends

Comments are closed.