Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Peternak Lembu Puhan Waspada Sesakit Pencernaan

Peternak Lembu Puhan Waspada Sesakit Pencernaan

Klaten, www.jogjatv.tv – Petugas Kesehatan Hewan Dinas Pertanian Kabupaten Klaten ajeg mriksa kasarasan ternak lembu puhan ing  Kecamatan Jatinom.

Salah satunggaling Petugas Kesehatan Hewan, Agus Sutomo mratelakaken, peternak lembu puhan kedah waspada dhateng maneka sesakit, inggih punika kembung lan mencret sarta radang ambing, ingkang njalari mutu lan kathahing toya susu suda. Bab kasebat awit pangaribawa pakan ingkang teles, satemah njalari peternak lembu puhan kapitunan. Kangge ngawekani bab punika, Petugas Kesehatan Hewan ngajab supados para peternak migatosaken mutuning pakan, kanthi damel plasma pakan lan njagi resiking kandang

Pembina Peternak Sapi Desa Krajan, Joko mratelakaken pehakipun njurung supados peternak nangkaraken lembu ongol jalaran regi pedhet impor awis lan kathah resikonipun.  (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.