Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Museum Tosan Aji Badhe Dipun Boyong

Museum Tosan Aji Badhe Dipun Boyong

Purworejo, www.jogjatv.tv – Museum Tosan Aji Purworejo, Jawa Tengah ingkang samangke mapan dhateng tilas gedung Kantor Pengadilan Negeri, ing Jalan Mayjen Sutoyo no.10 Purworejo, miturut rantaman badhe dipun boyong dening Dinas Dikbudpora Purworejo, dhateng papan enggal, inggih punika dhateng sacelaking Monumen Jenderal Urip Sumohardjo, Jalan Ringroad Selatan, Desa Tegal Rejo Banyuurip. Lampah punika dipun tempuh awit kangge ngrembakaken museum punika nemahi pepalang, antawisipun papaning museum taksih nyambut gedhung tilas pengadilan negeri, satemah kedah dipun boyong dhateng papan enggal supados saged nampi bantuwan kangge revitalisasi.

Miturut Kepala Dinas, Dikbudpora Muh Wuryanto, samangke pehakipun saweg nyawisaken rancangan museum kanthi konsep moderen lan maneka sarat sarana ingkang dipun betahaken, antawisipun surat-surat, cumawising dana operasional sarta SDM ingkang badhe ngemonah.

Samangke sampun dipun dhapuk Tim Penyusun Dokumen Perencanaan Pembangunan Museum Tosan Aji, ingkang kaajab kanthi wiyaring pasiten 3.000 meter pesagi rantaman kangge ngrembakakaken Museum Tosan Aji ing tembenipun saged mawujud satunggaling museum ingkang saged damel bombongipun Masyarakat Purworejo. (Pambudi Nugraha) 

Share this with friends

Comments are closed.