Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mensos Nyemak Pangeduming Bantuwan PKH

Mensos Nyemak Pangeduming Bantuwan PKH

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Program Keluarga Harapan (PKH) ingkang dipun kepyakaken  pemerintah wiwit taun 2007 kapengker,  kaajab estu dipun tampi dening warga ingkang betahaken. Program ingkang ancasipun kangge  medhot  rantai kemiskinan antar generasi kasebat, ing taun  2016 samangke, nyawisaken redana Rp 8,7 trilyun, dipun pasrahaken dhateng Rp 5,5 yuta Keluarga Sangat Miskin (KSM) Kangge nggumathokaken supados dana PKH tepat sasaran dan tepat guna, Menteri Sosial, Khofifah Indar Parawansa nyemak pangeduming bantuwan, antawisipun  dhateng  Kabupaten Gunungkidul. Mensos nglodhangaken wekdal manggihi para penerima manfaat lan ngajab supados  dana PKH dipun cakaken kanthi samesthinipun, trep kaliyan ancasing PKH antawisipun pengentasan kemiskinan, pengentasan gizi buruk bagi anak dan peningkatan tingkat pendidikan.

Redana PKH ingkang dipun dumaken dhateng warga Kabupaten Gunungkidul taun punika,  gunggungipun Rp10,8 milyar dene cacahing penerima manfaat 6.000 Keluarga Sangat Miskin. Kepala Dinas Sosial , Tenaga Kerja dan Transmigrasi Gunungkidul , Dwi Warna Widi Nugraha mratelakaken,  pehakipun estu njlimeti  data calon penerima manfaat sarta boten masrahaken bantuwan dhateng  kulawarga  ingkang salah satunggal ing antawisipun ses, supados PKH estu dipun tampi dening warga ingkang betahaken.

Gunggung bantuwan PKH ingkang dipun tampi dening saben kulawarga beda-beda, gumantung  tingkat pendidikan anak, kulawarga ingkang gadhah siswa SD nampi bantuwan Rp.450.000,00, SMP Rp.750.000,00 SMA Rp 1 yuta dene ibu ingkang mbobot Rp.1,2 yuta, dipun pasrahaken sadanguning setaun, dipun pendhet kaping 4 ,  tigang wulan sepisan.

Kajawi  program bantuwan PKH , mensos ugi nyemak  pangeduming bantuwan kangge panandang disabilitas berat sarta maneka program bantuwan sanesipun. (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.