Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nyadran Wonosadi

Nyadran Wonosadi

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kanthi turun temurun, Warga Desa Beji, Kecamatan Ngawen, Kabupaten Gunungkidul, nggelar Tradisi Nyadran Wonosadi. Ancasipun kangge memetri lampah adat tilaran nenek moyang. Nyadran dipun gelar dhateng Wonosadi, ing saben dinten Senen  Legi utawi Kemis Legi, sasampunipun mangsa panen. Miturut cariyos gethok tular, nyadran, mula bukanipun dipun tindakaken dening Ki Honggoloto ingkang rikala semanten, krenteg nglempakaken warga saperlu dipun gegulang  ngelmi ekonomi, pertanian lan bebuden luhur. Nyadran ugi minangka  wujud pratelan raos  syukur dhumateng Gusti Ingkang Hakarya Jagat  awit lestarining Wonosadi ingkang ndayani sumber toya ing wewengkon kasebat boten nate asat. Upacara kawiwitan srah panampi sesaji saking sesepuh adat dhateng kepala desa kalajengaken pagelaran sendratari sejarah  Dumadining Wonosadi.Sesaji sarta maneka uba rampe lajeng dipun bekta dhateng Puncak Wonosadi. (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.