Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Siswa Enggal Dipun Gegulang Wirausaha

Siswa Enggal Dipun Gegulang Wirausaha

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge ngawekani kekerasan sadangunipun masa Pengenalan Lingkungan Sekolah (PLS), DPC KNPI Bantul ngadani progam Enerpreneur Go To School. Atusan siswa enggal SMA Imogiri, dinten Senen (25/7) sonten mlempak dhateng Gelanggang Olahraga Wukirsari kangge pepanggihan lan diskusi kaliyan  para pelaku bisnis muda, ingkang kaloka, supados tuwuh greget siswa kangge bikak usaha piyambak.

Anggota KNPI Bantul gadhah gagasan nggelar Program Enterpreneur Go To School awit kadereng raos prihatos  jalaran  mratahipun kasus perpeloncoan lan kekerasan sadangunipun PLS tumrap  siswa enggal. Menawi boten tumuli dipun ewahi, praktek perploncoan badhe njalari siswa enggal trauma kepara dados pakulinan awon. Progam Enterpreneur Go To Schol, dados kalodhangan kangge suka seserepan babagan wirausaha  lan miturut rantaman progam  punika badhe dipun gelar dhateng 10 sekolah ing Kabupaten Bantul. (Anang Zainudin)

Share this with friends

Comments are closed.