Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lega, Sasampunipun Wisudhan

Lega, Sasampunipun Wisudhan

Magelang, www.jogjatv.tv – Maneka cara dipun lampahi kangge mratelakaken raos bingahipun para perwira remaja sasampunipun kawisudha dening Presiden Republik Indonesia, Joko Widodo, ing kompleks akademi militer, dinten Selasa (26/7) enjing. Para taruna kasebat kasembadan nggegulang pendidikan sadangunipun 2 taun dhateng saben angkatan.

Suwasana katingal nreyuhaken nalika tiyang sepuh taruna mlebet dhateng Lapangan Sapta Marga lan pepanggihan kaliyan 720 perwira remaja TNI-Polri 2016.

Para perwira lan tiyang sepuhipun rumoas mongkog lan lega, sasampunipun kawisudha kanthi pangkat Letnan Dua saking TNI lan Inspektur Polisi Dua saking kepolisian sarta gelar Sarjana Terapan Pertahanan (St Han) tumrap lulusan akademi angkatan dene akademi kepolisian nampi gelar Sarjana Terapan Kepolisian (Str K).

Saking   720 perwiara, wonten 4 taruna ingkang nampi Adi Makayasa, inggih punika  Letda ,Inf Tri Ageng Widinugroho saking akademi militer. Letda,Pelaut Anika Samudra saking AAL. Letda ,Teknik Juliar Dwidya Firmansah saking AAU lan Ipda Nahal Rizaq saking Akpol.

Wisudhan samangke dipun regengaken drama kolosal , cariyos  Perjuwangan Kamardikan Indonesia riptanipun Deny Malik ingkang dipun paragani dening para taruna taruni .

 

(Yuki Pramudya)

Share this with friends

Comments are closed.