Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

NGGEGULANG SENI BUDAYA DHATENG LARE

NGGEGULANG SENI BUDAYA DHATENG LARE

Bnatul, DIY www.jogjatv.tv Minangka kupiya kangge memetri ngiras nggegulang seni lan budaya dhateng siswa sekolah dasar, Dinas Pendidikan Dasar Kabupaten Bantul dinten Rebo (21/10) siyang nggelar lomba karawitan lan langencarita tataran Kabupaten Bantul. 17 kelompok pamupu wakil saking UPT PPD sa Kabupaten Bantul ngregengaken gumelaring kridha punika.

Sinaosa dereng luwes, nanging para siswa SD ingkang tumut mupu lomba punika patut nampi acungan jempol. Kanthi sengguh, para siswa mitontonaken kasagedanipun maragani pethilan cariyos Ki Ageng Mangir Wanabaya. Pagelaran punika inggih perangan saking lomba karawitan lan langencarita tumrap siswa lan guru SD sa Kabupaten Bantul.

Saben kelompok pamupu ngaturaken pethilan lampahan pilihanipun piyambak, kadosta Ki Ageng Mangir Wanabaya, Babad Mataram lan sanesipun. Boten namung paraga langencarita kemawon, karawitan pengiring ugi mawi wiyaga siswa SD.

Sekretaris Dinas Pendidikan Dasar Kabupaten Bantul, Daeng Daeda mratelakaken, lomba punika sesirah Siswa Dan Guru Berbasis Kearifan Lokal Hak Hak Anak Tahun 2015. Pamupu inggih wakil saking saben UPT PPD ing 17 kecamatan sa Kabupaten Bantul. Lomba punika ancasipun inggih kangge memetri lan nggegulang lare supados remen dhateng seni budaya. Kejawi punika ugi ngiras kangge kampanye kebudayaan dhateng masyarakat, mliginipun siswa sekolah. Siswa kaajab boten namung lantip ing babagan seni kemawon, nanging ugi saged ngecakaken kabudayan salebeting gesang padintenan.

Anang Zainudin

Share this with friends

Comments are closed.