Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

LOMBA MENJAHIT BAJU MUSLIM

LOMBA MENJAHIT BAJU MUSLIM

Yogyakarta DIY www.jogjatv.tv Kangge ndhudhah kreatifitas kalangan wiranem ing babagan njait lan rancang mode busana muslim, salah satunggaling toko badhe kiloan ing Jalan Urip Sumoharjo Kota Yogyakarta menggelar Lomba Menjahit Baju Muslim. Pendaftaran lomba njait punika lelahanan, kepara para pamupu dipun sukani badhe sekilo, dene asil kreatifitas kasebat salajengipun badhe dipun pameraken lan dipun biji dening dewan juri tanggal 24 Oktober 2015 benjing.

Lomba  Menjahit Baju Muslim ingkang dipun gagas dening satunggaling toko badhe kiloan ing Jalan Urip Sumoharjo Kota Yogyakarta, sampun dipun bikak sawetawis dinten punika. Pamupu lomba mbludag, racak saking kalangan wiranem. Ingkang gadhah toko, Hendrik mratelakaken kepengin nggelar lomba punika kangge suka panyengkuyung dhateng wiranem ing Ngayogyakarta aben kreatifitas njait lan rancang mode busana muslim. Para pamupu lomba boten dipun tarik wragad pendaptaran, kepara malah nampi badhe spandek sekilo maneka motif kangge damel busana muslim lan dipun jait dhateng griya. Kaajab kanthi lomba ingkang saweg sepisanan dipun gelar samangke saged mbabar para perancang lan greji busana muslim ingkang mumpuni, lan tembenipun saged dados pengusaha muda.

Panitia lomba, Panji Kurniawan mratelakaken, salebeting lomba punika boten dipun watesi cacahing pamupu. Asil karya rancangan lan busana muslim saking para pamupu dipun klempakaken randhat randhatipun tanggal 24 Oktober 2015 benjing, dalunipun badhe dipun pameraken lan dipun biji dening dewan juri. Salebeting pameran kasebat ugi badhe dipun adani lomba fotografi kanthi fokus model busana muslim saking rancangan pamupu lomba.

Lomba menjahit baju muslim punika nampi tanggapan gumathok saking para mudha, antawisipun Ruhil lan Elsa, mahasiswi Universitas Negeri Yogyakarta. Kekalih mahasiswa punika kepengin tumut lomba kangge nambah pengalaman.

Hari Atmaja

Share this with friends

Comments are closed.