Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

MITOS MASJID TIBAN

MITOS MASJID TIBAN

Malang, Jawa Timur www.jogjatv.tv Ing Kitha Malang, Jawa Timur, wonten satunggaling masjid ingkang cakrikipun nyleneh, manunggalaken cakrik Timur Tengah, Tiongkok lan modern. Masjid ing komplek pondok pesantren kawentar minangka mitos masjid tiban, utawi masjid ingkang dipun bangun dening jin. Yektinipun masjid tingkat sedasa kasebat dipun bangun dening santri, tanpa arsitek, nanging istikarah saking pangarsa pondok.

Masjid tiban ingkang elok dumunung ing Desa Turen, Kabupaten Malang, Jawa Timur. Masjid tingkat 10 kanthi rerenggan ingkang nyleneh punika, dumunung ing komplek pondok Pesantren Salafiah Biaaru Bahri’asali Fadlaailir Rahma lan kawentar kanthi sebatan masjid tiban inggih masjid ingkang pambangunanipun kabiyantu dening jin. Bab wau dipun duwa dening Basori, salah satunggaling santri ponpes. Masjid kasebat yektinipun dipun bangun wiwit taun 1978 dening Kiai Haji Ahmad Bahru Mafdlaluddin Shaleh Al-Mahbub Rahmat Alam, utawi Kiai Ahmad, kabiyantu dening para santri sarta jamaah, lan ngantos samangke pambangunanipun dereng rampung. Para santri taksih nglajengaken pambangunan masjid, antawisipun masang rerenggan tembok lan kubah.

Basori mratelakaken, bangunan baku pondok pesantren kasebat tingkat 10, dhasar ngantos tingkat 4 kangge kridha para santri, tingkat 6 kangge ruang keluarga, tingkat 5, 7 lan 8 dipun ginakaken dening santriwati kangge sadeyan nyamikan, souvenir, sarta piranti ngibadah. Ing tingkat 8 kangge nanem sayuran.

Salah satunggaling wisatawan, Wiwis mratelakaken gumun dhateng wewangunan masjid ingkang elok rinengga rerenggan ingkang nyleneh, kamangka pambangunan masjid, utawi pondhok pesantren tanpa kabiyantu dening arsitek, nanging saking istikarah pangarsa pondok. Ngantos samangke, pambangunan masjid tanpa ngginakaken alat berat, namung kanthi ndayakaken para santri lan jamaah. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.