Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

FESTIVAL GEROBAG

FESTIVAL GEROBAG

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Mengeti ambal warsanipun ingkang kaping kalih, Paguyuban Pelestari Grobag Lembu, Manunggal Lestari, Sleman Barat,nggelar Festival Gerobag ing Lapangan Tlogoadi Kecamatan Mlati, Sleman, dinten Minggu (15/11) enjing.Dinas Pertanian Perikanan dan Kehutanan Sleman ngajab lampahing festival sageda njurung gregeting masyarakat kangge ngingah lembu, supados populasi lembu mindhak.

Lampahing festival dipun kepyakaken dening Kepala Bidang Peternakan Dinas Pertanian Perikanan dan Kehutanan Sleman Suwandi Aziz. 100 gerobag lembu tumut salebeting festival kasebat, mubeng padhukuhan tlatah Kecamatan Mlati,nempuh lampah tebihipun watawis 10 kilometer, bidhal lan wangsul dhateng Lapangan Tlogoadi, Kecamatan Mlati Sleman.

Miturut penasehat Paguyuban Pelestari Gerobag Lembu Manunggal Lestari Sleman Barat, Yitno Suharjo,ancasipun nggelar Festival Gerobag kangge nglestantunaken gerobag minangka alat transportasi tradisional ingkang monjo ing taun 70 nan.

Kepala Bidang Peternakan Dinas Pertanian Perikanan dan Kehutanan Sleman, Suwandi Aziz ngajab, gumelaring Festival Gerobag sageda njurung masyarakat ingkang gadhah gerobag supados greget ngingah lembu. Suwandi Aziz ugi mratelakaken, samangke populasi lembu ing Sleman 51 ewu.Supados masyarakat greget ternak lembu, Dinas Pertanian Perikanan dan Kehutanan Sleman suka bantuwan redana kangge lembu meteng ingSleman,angkahipun supados lembu cepet tumangkar. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.