Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

SENAM BERSAMA LAN SEPEDA SANTAI

SENAM BERSAMA LAN SEPEDA SANTAI

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Ewonan warga Sleman,tumut senam bersama lan sepeda santai ingkang dipun adani dening Perusahaan Daerah Bank Sleman,ing Lapangan Denggung.Ancasipun kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping 34 Bank Sleman, sarta kangge nyengkuyung program pemerintah kangge memasyarakatkan olahraga dan mengolahragakan masyarakat, supados warga Sleman tansah saras.

Senam dipun estreni ewonan warga, mapan ing Lapangan Denggung. Sepeda santai dipun bidhalaken dening Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi, bidhal lan wangsul dhateng Lapangan Denggung, nempuh lampah 10 kilometer mubeng tlatah Kecamatan Sleman lan Mlati.

Miturut Direktur Bank Sleman, Muhamad Sigit, kapitadosan masyarakat dhateng Bank Sleman tansaya sae, pramila aset Bank Sleman ugi mindhak, dene samangke gunggungipun langkung saking 500 miliar rupiah. Wondene Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi mratelakaken,pengetan ambal warsa satunggaling bebadan mujudaken sarana refleksi lan evaluasi kinerja, supados saged ngudhari maneka perkawis ingkang dipun adhepi, satemah saya ngrembaka lan piguna tumrap masyarakat.

Sasampunipun senam lan sepeda santai kalajengaken pengundian Tabungan Mutiara Produk Bank Sleman dening Penjabat Bupati Sleman Gatot Saptadi.Kalih nasabah ingkang pikantuk hadiah utama mobil inggih Riyanto Raharja lan Hanifa Vatika. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.