Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Merti Dusun Kebondalem Prambanan

Merti Dusun Kebondalem Prambanan

Sleman,www.jogjatv.tv – Warga Dhusun Kebondalem, Desa Madurejo, Kecamatan Prambanan, Sleman, dinten Kemis (2/6) sonten nggelar upacara merti dhusun. Kridha kasebat ancasipun kangge nglestantunaken budaya sarta minangka wujud raos syukur konjuk ngarsaning gusti awit kathahing asil panen , kawilujengan sarta karaharjan ingkang sampun dipun tampi.

Arak-arakan gunungan wulu wetu lumampah regeng miwiti lampahing upacara merti dhusun. Warga dhusun tumut lampahing kirab mubeng Wewengkon Padhukuhan Kebondalem Desa Madurejo, binarung maneka tetabuhan sarta ingombyong bregada prajurit, saya mimbuhi regenging suwasana. Kirab budaya kados makaten inggih ajeg dipun gelar saben kalih taun sepisan. Sasampunipun dipun arak,  gunungan wulu wetu wau dipun dongani lan dipun rebataken dhateng warga.

Miturut panitia merti dhusun, Sunarwedi, kejawi kirab budaya lan gunungan ugi dipun tindakaken kendhurenan. Sedaya warga ingkang dhateng mbekta jodhang isi maneka uborampe kadosta ingkung, jajan pasar, sekul gurih, pisang raja lan maneka tetedhan sanesipun.dene pucak rerangken merti dhusun inggih kanthi pagelaran ringgit purwa sedalu natas seri Bharatayuda kanthi dhalang Ki Seno Nugroho , lampahan Karna Tandhing. Kejawi kangge sarana panglipur, pagelaran ringgit purwa ugi kangge memetri seni budaya ngiras suka tuladha bab panggesanganing manungsa ingkang kebak perkawis ingkang kedah ingudharan. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.