Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Blanjan Kepala Sekolah Badhe Dipun Indhakaken

Blanjan Kepala Sekolah Badhe Dipun Indhakaken

Purworejo, www.jogjatv.tv – Bupati Purworejo, Agus Bastian misudha 75 kepala sekolah lan pengawas sekolah sa Kabupaten Purworejo, inggih punika 66 Kepala Sekolah Dasar , 3 kepala SMP,  3 kepala SMA sarta Pengawas SD lan SMA.

Salebeting pambagyanipun, Bupati Purworejo mratelakaken, tanggel jawab kepala sekolah pancen awrat awit kedah ndayakaken guru, siswa lan karyawan kangge ngindakaken mutu pendidikan.

Awit tanggel jawabipun ingkang awrat pramila  blanjan kepala sekolah mliginipun Kepala SD, ing tembe badhe  dipun indakaken. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.